Powered By Blogger

Selasa, 02 Februari 2016

KERATON KESEPUHAN DALAM BAHASA CIREBON

KERATON KESEPUHAN CIREBON




Keraton Kasepuhan Cirebon inggih menika salah satunggaling keraton ingkang paling kerumat ugi paling manggrong ing Kitha Cirebon. Saben bentuk arsitèktur ing keraton menika paling misuwur amargi nggadhahi nilai sujarah. Latar ngajeng keraton dipunkupengi témbok bata abrit kaliyan wonten pendhapa ing salebetipun. Keraton Cirebon ugi nggadhahi museum ingkang cekap jangkep kaliyan isinipun pirantos-pirantos pusaka sarta lukisan kagunganipun keraton. Piranti-prianti menika kadosta pirantos perang, meriem, kaliyan kereta kencana ingkang dipunginakaken nalika perang. Kréta menika dipunwastani Kereta Singa Barong, ingkang asesirah gajah ingkang tlalénipun nyepeng trisula (prabawanipun Hindhu), suwiwinipun garuda (prabawa Islam), ugi naga (parabawa China). Nanging, wiwit taun 1942, kréta menika boten dipunginakaken malih kaliyan namung dipunwedalaken kanggé dipunjamas saben tanggal 1 Syawal. Déné ing muséum bagéyan kidul wonten priasan, piring, ugi pirantos keraton ingkang dipunginakaken nalika jamanipun Sunan Gunung Jati.
Keraton Kasepuhan madeg taun 1529 dening Pangeran Mas Mochammad Arifin II, inggih menika buyut saking Sunan Gunung Jati. Pangeran Mas Mochammad Arifin II menika nggantosaken Sunan Gunung jati ing taun 1506. Rumiyin Keraton Kasepuhan Cirebon nggadhahi nama Keraton Pakungwati, déné Pangeran Mas Mochammad Arifin II nggadhahi gelar Panembahan Pakungwati I. Nama Pakungwati menika asalipun saking asma Ratu Dewi Pakungwati binti Pangeran Cakrabuana ingkang dhaup kaliyan Sunan Gunung Jati. Putri menika ayu ugi becik budinipun sarta saged dados garwa ingkang setya. Ratu Dewi Pakungwati ugi prigel ing babagan ajaran agami Islam, saged dados pamomongipun nagara, ugi saged ngayomi sarta nresnani rakyatipun. Ing pungkasanipun, ing taun 1549 Ratu Dewi Pakungwati séda ing Mesjid Agung Sang Cipta Rasa ing yuswa ingkang sampun sepuh. Mesjid Agung Sang Cipta Rasa menika dipunbangun taun 1498 M dèning Wali Sanga kanthi dipunpandhégani Sunan Gunung Jati. Pambangunanipun dipunbiyantu arsitèk ingkang asmanipun Raden Sepat saking Majapahit uga dipunbiyantu 200 tiyang (tukang) saking Demak. Saking pangorbananipun menika panjenenganipun dipunmulyakaken dening nasab Sunan Gunung Jati dados nama keraton inggih menika Keraton Pakung wati, ingkang samenika dados Keraton Kasepuhan Cirebon.

Bangunan Keraton
Arsitèktur Keraton Kasepuhan Cirebon inggih menika campuran unsur-unsur budaya Islam, Hindhu, Buddha, Kristen, ugi Konfusius (China). Menika minangka bukti kurmat dhumateng para leluhur. Nalika ngedegaken Keraton Kasepuhan Cirebon ing taun 1529, Sunan Gunungjati tetep migunakaken unsur tradhisi Hindhu-Buddha saking Kerajaan Padjajaran. Salah satunggalipun inggih menika wontenipun sapasang patung macan awerna pethak ing plataran Kamandhungan. Bebrayan Sunda ngyakini, macan menika wujud reinkarnasi saking Prabu Siliwangi ingkang dados raja pungkasan ing Padjajaran.
Corak kabudayan Hindhu-Buddha ugi kentingal cetha ing kompleks bangunan sitihinggil (basa Jawa, siti=lemah, hinggil=inggil (tinggi)) ingkang acorak Candhi Bentar. Arsitekturipun khas zaman Majapahit ugi ketingal ing gapuranipun, inggih menika gapura asi ing sisih ler kaliyan gapura banteng ing sisih kidul. Ing sangandhapipun gapura banteng menika wonten candra sengkala ingkang kaserat kuta bata tibata banteng ingkang menawi dipunwaos saking wingking nedahaken taun 1451 Saka utawi 1529 Masèhi. Dipunkintenaken sitihinggil menika ingkang sepisan dipunbangun sadèrèngipun mbangun bangunan ingkang sanèsipun.
Ing kabèh bagéyan témbok bangunan migunakaken material bata abrit ingkang dipuntèmpèli manéka werni keramik China jamanipun Dinasti Ming (1364-1644 M) kaliyan keramik Delf saking Belanda. Ing ngajeng sitihinggil wonten méja watu granit, bebungah saking [[Sir Stamford Raffles, sesulih Kerajaan Inggris ingkang naté dados gubernur Jenderal Jawa (1811-1816). Ing salebetipun sithinggil wonten 5 bangunan ingkang bahan utamanipun kayu jati mèmper pendhapa tanpa témbok. Saben bangunan menika nggadhahi aran sarta kagunan ingkang bènten. Bangunan utama ingkang mapanipun malang mawi gunggungipun saka (cagak) 20 dipunwastani malang semirang ingkang nedahaken 20 sifatipun Allah SWT. Déné saka guru (cagak utama) gunggungipun enem, ingkang nedahaken rukun iman. Ing panggénan menika sultan mirsani gladhèn kaprajuritan utawi mirsani lampahipun paukuman.
Bangunan ing sisih kiwanipun dipunwastani Pandhawa Lima mawi gangsal saka ingkang nedahaken rukun Islam. bangunan menika dospa panggénan para panglima perang. Bangunan ing sisih tengen bangunan utama dipunwastani Semar Tinandu mawi kalih saka ingkang nedahaken kalih ukara syahadat. Bangunan menika dados panggénan para penasihat sultan ingkang dipunwastani penghulu. Ing sisih wingkingipun bangunan utama wonten Mande Pengiring, inggih menika panggénan ngempalipun para pengiring sultan. Satunggal bangunan malih wonten ing sisihipun, inggih menika Mande Karasemen. Bangunan menika panggénan kanggé para niyaga. Ngantos samenika, bangunan menika taksih dipunginakaken minangka panggénan ngumpetaken gamelan sekatèn nalika Idul Fitri kaliyan Idul Adha.