Jumat, 19 Agustus 2016
Sabtu, 16 April 2016
Jumat, 01 April 2016
DIALOG BAHASA CIREBON
Badhekan
Dela : Hani, Deswita,
Mita lan sanese, Ayuh padha badhekan mawon.
Hani : Ayuh,
ayuh kita sami badhekan
Sinten
kang gadhah badhekan
Mita : Kula,
paringaken nggih
Deswita : Enggih srog,
kula pengen uning
Mita : Meketen,
nggih.
Wonten
sawiji barang lamun ditaleni malah saged mlajeng santer. Nanging lamun talie di
uculi boten saged mlajeng cobi badheken apa kuwen kuh?
Dela : Ditaleni
kenceng saged mlajeng, diuculi malah boten saged mlajeng, wah keder, Hani saged
boten?
Hani : Kadose
kula gen boten semerep.
Ya
seng mawon lah
Mita : Dados
seng mawon tah? Keten nggih barange nggih niku sepatu
Deswita : Lah sagede
sepatu sih pripun?
Mita : Sebab
lamun ditaleni kenceng saged mlajeng lamun ciuculi boro-boro kangge mlajeng,
mlampah mawon gen kadang copot.
Hani : Nggih,
nggih, nggih.
Dela,
cobi gadhah badhekan boten.
Dela : Kula
tah, gadhah.
Cobi
pirengaken yah
Unggal
dinten dietangi, nangin lamun di takoni jawabe embuh beli weruh
Mita : Angel
tekah,
Des...,
Deswita. Sing wau midel mawon, ayuh sih mbadhek.
Deswita : Oh, kang unggal
dinten di etangi nanging lamun di takoni mboten uning.
Dela : Lamun
boten sawon, niku kuh kancing klambi
Hani : Dela,
jawabe kancing klambi, kancing rasukan kuh leres tah?
Dela : Enggih
leres
Mita : Wah
pinter arane
Eh
ngomong-ngomong jagate sampun sonten, wangsul yuh, mbokat mimie kelangan.
Rencang-rencang : Enggih,
enggih. Yuk wangsul.
Rabu, 16 Maret 2016
COMPANY PROFILE CV. TRI MANDIRI ELECTRICAL
COMPANY PROFILE
CV. TRI
MANDIRI ELECTRICAL
Instalasi Listrik,
Kontraktor, Supllier, Mechanical
Perdagangan
Umum, dll
Jl. P.
Derajat Gg. Bawang No. 39 Rt. 06 Rw. 09 Jabang Bayi Cirebon 45133
Telp / Fax
: 0231 – 243911 E-mail : cvtme1@gmail.com
Selasa, 02 Februari 2016
KERATON KESEPUHAN DALAM BAHASA CIREBON
KERATON KESEPUHAN CIREBON
Keraton
Kasepuhan Cirebon inggih menika salah satunggaling keraton ingkang
paling kerumat ugi paling manggrong ing Kitha Cirebon.
Saben bentuk arsitèktur ing keraton menika paling misuwur amargi nggadhahi
nilai sujarah. Latar ngajeng keraton dipunkupengi témbok bata abrit kaliyan
wonten pendhapa
ing salebetipun. Keraton Cirebon ugi nggadhahi museum
ingkang cekap jangkep kaliyan isinipun pirantos-pirantos pusaka sarta lukisan
kagunganipun keraton. Piranti-prianti menika kadosta pirantos perang, meriem,
kaliyan kereta kencana ingkang
dipunginakaken nalika perang.
Kréta menika dipunwastani Kereta Singa Barong, ingkang asesirah gajah ingkang tlalénipun
nyepeng trisula (prabawanipun Hindhu), suwiwinipun garuda
(prabawa Islam), ugi naga (parabawa China). Nanging, wiwit taun
1942, kréta
menika boten dipunginakaken malih kaliyan namung dipunwedalaken kanggé
dipunjamas saben tanggal 1 Syawal. Déné ing muséum bagéyan kidul wonten priasan, piring,
ugi pirantos keraton ingkang dipunginakaken nalika jamanipun Sunan Gunung Jati.
Keraton
Kasepuhan madeg taun 1529
dening Pangeran Mas Mochammad Arifin II, inggih menika buyut saking Sunan
Gunung Jati.
Pangeran Mas Mochammad Arifin II menika nggantosaken Sunan Gunung jati ing taun
1506.
Rumiyin Keraton Kasepuhan Cirebon nggadhahi nama Keraton Pakungwati, déné
Pangeran Mas Mochammad Arifin II nggadhahi gelar Panembahan Pakungwati I.
Nama Pakungwati menika asalipun saking asma Ratu Dewi Pakungwati binti Pangeran
Cakrabuana ingkang dhaup kaliyan Sunan Gunung Jati.
Putri menika ayu ugi becik budinipun sarta saged dados garwa ingkang setya.
Ratu Dewi Pakungwati ugi prigel ing babagan ajaran agami Islam, saged dados
pamomongipun nagara, ugi saged ngayomi sarta nresnani rakyatipun.
Ing pungkasanipun, ing taun 1549 Ratu Dewi Pakungwati séda ing Mesjid Agung Sang Cipta
Rasa ing yuswa ingkang sampun sepuh.
Mesjid Agung Sang Cipta Rasa menika dipunbangun taun 1498 M dèning Wali Sanga
kanthi dipunpandhégani Sunan Gunung Jati.
Pambangunanipun dipunbiyantu arsitèk ingkang asmanipun Raden Sepat saking Majapahit
uga dipunbiyantu 200 tiyang (tukang) saking Demak.
Saking pangorbananipun menika panjenenganipun dipunmulyakaken dening nasab
Sunan Gunung Jati dados nama keraton inggih menika Keraton Pakung wati, ingkang
samenika dados Keraton Kasepuhan Cirebon.
Bangunan Keraton
Arsitèktur
Keraton Kasepuhan Cirebon inggih menika campuran unsur-unsur budaya Islam, Hindhu,
Buddha,
Kristen,
ugi Konfusius (China).
Menika minangka bukti kurmat dhumateng para leluhur.
Nalika ngedegaken Keraton Kasepuhan Cirebon ing taun 1529, Sunan Gunungjati tetep
migunakaken unsur tradhisi Hindhu-Buddha saking Kerajaan Padjajaran. Salah
satunggalipun inggih menika wontenipun sapasang patung macan awerna pethak ing
plataran Kamandhungan.
Bebrayan Sunda
ngyakini, macan menika wujud reinkarnasi saking Prabu Siliwangi ingkang dados
raja pungkasan ing Padjajaran.
Corak
kabudayan Hindhu-Buddha ugi kentingal cetha ing kompleks bangunan sitihinggil
(basa Jawa,
siti=lemah, hinggil=inggil (tinggi)) ingkang acorak Candhi Bentar.
Arsitekturipun khas zaman Majapahit ugi ketingal ing gapuranipun, inggih menika gapura
asi ing sisih ler kaliyan gapura banteng ing sisih kidul.
Ing sangandhapipun gapura banteng menika wonten candra sengkala ingkang
kaserat kuta bata tibata banteng ingkang menawi dipunwaos saking
wingking nedahaken taun 1451 Saka utawi 1529 Masèhi.
Dipunkintenaken sitihinggil menika ingkang sepisan dipunbangun sadèrèngipun
mbangun bangunan ingkang sanèsipun.
Ing kabèh
bagéyan témbok bangunan migunakaken material bata abrit ingkang dipuntèmpèli
manéka werni keramik
China jamanipun Dinasti Ming (1364-1644
M) kaliyan keramik Delf saking Belanda.
Ing ngajeng sitihinggil wonten méja watu granit, bebungah saking [[Sir Stamford
Raffles, sesulih Kerajaan Inggris ingkang naté dados gubernur
Jenderal Jawa (1811-1816).
Ing salebetipun sithinggil wonten 5 bangunan ingkang bahan utamanipun kayu jati mèmper pendhapa tanpa
témbok. Saben bangunan menika nggadhahi aran sarta kagunan ingkang bènten.
Bangunan utama ingkang mapanipun malang mawi gunggungipun saka (cagak) 20
dipunwastani malang semirang ingkang nedahaken 20 sifatipun Allah SWT.
Déné saka guru (cagak utama) gunggungipun enem, ingkang nedahaken rukun iman.
Ing panggénan menika sultan mirsani gladhèn kaprajuritan utawi mirsani
lampahipun paukuman.
Bangunan ing sisih kiwanipun dipunwastani Pandhawa
Lima mawi gangsal saka ingkang nedahaken rukun Islam.
bangunan menika dospa panggénan para panglima perang.
Bangunan ing sisih tengen bangunan utama dipunwastani Semar Tinandu mawi
kalih saka ingkang nedahaken kalih ukara syahadat.
Bangunan menika dados panggénan para penasihat sultan ingkang dipunwastani
penghulu.
Ing sisih wingkingipun bangunan utama wonten Mande Pengiring, inggih
menika panggénan ngempalipun para pengiring sultan.
Satunggal bangunan malih wonten ing sisihipun, inggih menika Mande Karasemen.
Bangunan menika panggénan kanggé para niyaga.
Ngantos samenika, bangunan menika taksih dipunginakaken minangka panggénan
ngumpetaken gamelan
sekatèn
nalika Idul Fitri
kaliyan Idul Adha.
Kamis, 28 Januari 2016
Asal Usul Desa Cibogo dalam bahasa Cirebon
Asal Usul Desa Cibogo
Pada zaman bengen ana gua. Gua
niku serem langka ada satunggal tiyang kang wani manjing denging iku. Tan sumber
toya teng niku sangetlah adem. Asli lan katah ulam teng gua niku.
Tiyang kang wani melebet
teng gua niku kuen arane Sunan Kalijaga. Pas kuen masyarakat teng desa niku
boten kenal Sunan. Teras Sunan niku betapa lan nyadari kesalahane teng gowa
niku, berulan-bulan kamie. Sunan nembe ngevisi tetapae. Teras kiyambeke
ngedeleng ulam bogo. Sunan nangkep ulam bogo niku. Teras di bakar, di dahar
sampe mboten satunggal daging kang tersisa dibuang tulang ulam kuen teras ulam
urip maning, sunan dhahar satunggal-satunggal ulam akehe tigang kali teras
Sunan Minum toya teng sumber mata air. Sunan Kalijaga pun wangsul teng daerah
asal. Namun warga boten nyadari kejadian niku.
Wonten kalih tiyang kang
ngilari ulam bogo denging sanget katah. Setengahe di bakar setengahe maning di
taro teng balong. Wonten enjing dinten tiyang niku heran teng ulam bogo niku. Karena
ulam bogo teng balong katah pisan kaya sedurunge di bakar. Bokatan salah
ngitung ternyatada padha.
Akhire kaya kang di oli lagi
enjing kiyambeke ngebakar kabeh ulam teng balong denging rencang-rencange. Padha
enjing dinten, tiyang maupun kaget teng balong jumlah ulam padha kaya lagi
wingi. Warga desa teng niku penasaran jadie.
Sampe niki masih ana ulam
bogo teng gua niku. Masyarakat percaya lan akhire desa niku di gawe nami Cibogo
artie ci atau (Cai) kang artie toya lan bogo berarti ulam bogo.
Lan sumber
toya teng gua niku dipercaya manfaate bisa nyembuhnang tiyang-tiyang sakit
parah.
Langganan:
Komentar (Atom)








