Badhekan
Dela : Hani, Deswita,
Mita lan sanese, Ayuh padha badhekan mawon.
Hani : Ayuh,
ayuh kita sami badhekan
Sinten
kang gadhah badhekan
Mita : Kula,
paringaken nggih
Deswita : Enggih srog,
kula pengen uning
Mita : Meketen,
nggih.
Wonten
sawiji barang lamun ditaleni malah saged mlajeng santer. Nanging lamun talie di
uculi boten saged mlajeng cobi badheken apa kuwen kuh?
Dela : Ditaleni
kenceng saged mlajeng, diuculi malah boten saged mlajeng, wah keder, Hani saged
boten?
Hani : Kadose
kula gen boten semerep.
Ya
seng mawon lah
Mita : Dados
seng mawon tah? Keten nggih barange nggih niku sepatu
Deswita : Lah sagede
sepatu sih pripun?
Mita : Sebab
lamun ditaleni kenceng saged mlajeng lamun ciuculi boro-boro kangge mlajeng,
mlampah mawon gen kadang copot.
Hani : Nggih,
nggih, nggih.
Dela,
cobi gadhah badhekan boten.
Dela : Kula
tah, gadhah.
Cobi
pirengaken yah
Unggal
dinten dietangi, nangin lamun di takoni jawabe embuh beli weruh
Mita : Angel
tekah,
Des...,
Deswita. Sing wau midel mawon, ayuh sih mbadhek.
Deswita : Oh, kang unggal
dinten di etangi nanging lamun di takoni mboten uning.
Dela : Lamun
boten sawon, niku kuh kancing klambi
Hani : Dela,
jawabe kancing klambi, kancing rasukan kuh leres tah?
Dela : Enggih
leres
Mita : Wah
pinter arane
Eh
ngomong-ngomong jagate sampun sonten, wangsul yuh, mbokat mimie kelangan.
Rencang-rencang : Enggih,
enggih. Yuk wangsul.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar